Bagong Palentinan

Dina iki alias hari ini ntah berapa orang ngrayain palentin. Termasuk Bagong, sorenya Bagong sudah siapkan sebuah bingkisan untuk pacar barunya. Pacar baru, baru kenalan, kenal di jalan Sudirman. Itu sih lagu jaman dulu, sekarang lebih canggih dengan menggunakan fasilitas maya, yang katanya dianggap ga bener, tapi bener-bener mengisi hidup mereka. Lebih munafik mana nih? Hadhuh-dhuh, kawan koclock jangan tambah konclok dengan situasi yang serba koclock yah.

Gareng yang kebetulan berada di Jakarta karena kencan sama seorang cewekpun juga membeli bingkisan buat kejutan kenalan barunya di dumay. Berhubung Gareng berasal dari solo yah, terpaksa di jakarta ngikut nebeng tidur di rumah Bagong.


"Gong, kamu belikan apa buat cewek kamu?" Tanya Gareng.

"Namanya juga kejutan masak diwartakan sih Reng?" Jawab Bagong

"Kejutan kan buat cewek kamu, kalau buat aku kan bukan kejutan Gong." Rayu Si Gareng

"Ga Reng, yen masalah siji iki, kudu tak rahasiakan. Ora nggagas kowe dulurku apa dudu."

"Lha pas kowe tuku wae genah akeh sing reti Lho Gong."

"Kan beda Reng, kae genah adol barang aku sing nuku, lha nek kowe reti po ra jeneng mbukak wadiku?" Bantah si Bagong.

"Lha sing mbungkus kadomu mau pora ya reti Gong?"

"Kae rak penjual jasa mbungkuske, aku sing tuku jasane, lah nek kowe Reng?"

"Kan aku genah sedulurmu."

"Sedulur sedulur, rahasia ya rahasia, ini masalah privasy ngunhu."

"Mboh lho ya, yen barangmu termasuk barang beracun, aku ga tanggungjawab lho ya, yen enek apa-apane nang calon ipeku."

"Ora nggagas Reng, genah iki hadiah alami kok. Lha kowe meh nukokne hadiah apa lan kanggo sapa hayo?"

"Nek aku wonge jujur Lhe, genah tak gawakne watu akik. lan Kanggo cewekku sing anyar."

"Lha Mbakyu nang Solo terus piye? anak-anakmu terus piye?"

"Disana-disana, disini-disini, jaman saiki kok Lhe, lahan nggo selingkuh ki nyelot akeh kok repotmen kowe dadi wong lanang. Blegermu hidup di kota tapi otakmu masih ndesa nhu kok."

"Aku tertib kok Reng, ora aeng-aeng, wong apa anane, ora gawe-gawe, ora ngapusi rana rene kaya kowe. Ora kok malah mbok tukokne batu akik ki karepmu kepriye?"

"Nek aku tuku berlian, padahal kuwi larang, lan akeh2e mesthi made in luar negeri, lha nek tak tukokne batu akik kan itu produk lokal lhe. Idhep-idhep melu ombyaking jaman, tapi ora menggunakan kabeh peraturane si palentin kuwi."

"Alah, kakean rembug Reng, wis genah melu mbok ya melu. Kaya aku iki lho gawe pesen coklat tak bentuk-bentuk pisan ben ga ngilangake budayane simbah-simbah mbiyen."

"Wew, jebul bungkusane kuwi isine coklat ta Gong."

"Sing kandha sapa? aja-aja kowe duwe mata batin kok reti sing tok kadho."

"Lambemu genah muni lagi wae nhuk. Hayo mbok gawe bentuk piye kuwi mau kok ora ngilangi budayane simbah mbiyen?"

"Wah wis jan kojur, kisruh-kisruh,,bola bali wong ki yen ga dhemen goroh ya malah kemeton."

"Mulane ta Gong-Gong. Ora mbok bentuk apa mau?"

"Palentin rak hari kasih sayang ta Reng, apa nenek moyang kita jaman dahulu tidak memiliki hari semacam ini? Genah duwe lan cetha tah, cuma bentuke di sakralke, lan pake ibadah dan upacara yang fungsinya untuk alam, ora kaya jaman saiki hanya demi kemaslahatan umat manusia sendiri."

"Wah omonganmu dengaren rada mbejaji, coba terangna sing gamblang, biar aku juga paham Gong." Pinta si Gareng.

"Jujur Reng, roti coklat mau tak bentuk lingga, yoni lan anak."

"Lha hubungane mbi simbah biyen apa?" tanya Gareng minta penjelasan.

"Wuuu lha dalah, ga njawani kowe Reng, genah leluhur ki duwe kapitayan sembahyang marang lingga yoni, sebagai lambang kesuburan kok. Coba saiki bayangna, yen lingga yoni kuwi rak puncak lan klimake rasa kasih sayang to. Lha nek ngunhu kan genah luwih jeli simbah-simbah biyen, timbang jaman saiki, tur genah fungsine nggo alam, ora malah ngremuk alam."

"Kok bener cocotmu ya Gong."

"Genah nhu, mulane sama-sama menggunakan tradisi ya dipikir pikolehe, hasilnya, akibatnya, lan jalurnya kemana, tidak asal comot lan langsung pakai saja."

Komentar