Jakarta Macet

"Macet meneh, macet meneh, pendhak esok macet, pendhak byar macet. Jane ki sing salah sapa ta yaaaaa ya. Wong dalan ya amba, malah ditingkat barang. Yen ngene iki jan marai cotho tenan." Geram si Bagong yang asyik mengendarai mobilnya.

Pagi itu si Bagong mengajak jalan-jalan kangmasnya yang datang dari Solo, yaitu Petruk. Petruk sengaja datang menemui Bagong di Jakarta karena pengin lihat situasi kota, dan bosan dengan suasana ketenangan kota Solo.


"Apa tiap pagi macet gini Gong?" tanya si Petruk.

"Ya begitulah, jenenge wae kotha gora, kotha gedhe." Jawab Bagong

"Tapikan Jakarta pusate wong pinter Gong, mosok mung perkara macet wae bingung." Desak si Petruk.

"Akeh wong pinter, tapi mung manut udele dhewe."

"Nek, simbah jaman biyen ki kondhang waskitha, bukan karena sakti bertapa, tapi memang bener-bener mau mengambil pelajaran dari kehidupan, dadi ga enek istilah mindhon gaweni."

"Maksdmu piye Kang Petruk?"

"Maksdku, kudune yen Jakarta akeh wong pinter, kan kudune masalah macet wis teratasi yen nganggo juruse simbah mbiyen."

"Malah kaya pencak silat Truk, wong dalan jhe, dudu wong padu."

"Maksude jurus, ki dudu jurus pencak silat, tapi jurus bagaimana menghadapi masalah."

"Lha dalan po duwe masalah, wong wit biyen sing duwe masalah ki manungsane."

"Nah, justru kuwi Gong, kalau paham yang punya masalah adalah manusianya, makanya harus membudidaya dong biar ga ada kemacetan."

"Lha direwangi gawe dalan tingkat kuwi po ga salah satu usaha Truk?"

 "Lha realisasine piye Gong? Kan ga menyelesaikan masalah, malah nambah masalah ngurangi devisa negara. Dhuwite rakyat dinggo ryahan anane proyek pelebaran jalan, pembuata tol dan lain sebagainya. Itu bukan solusi, tapi polusi." Si Petruk menjelaskan dengan semangat.

"Lha kudune piye Truk?"

"Ngece Gong, genah sing sarjana ki kowe kok malah takon aku."

"Lah miturutku kalau macet ki merga saka banyaknya pengguna jasa jalan, lah solusine ya genah pelebaran jalan dan penambahan ruas jalan ta Truk." Tegas si Bagong.

"Sarjana kok pekok, malah kalah karo simbah mbiyen, sekolahe hanya mempelajari alam dan lingkungan hubunganya dengan manusia tapi hasilnya nyata."

"Horo coba yen kowe pinter jawabe apa?"

"Aku ga ngaku pinter lho Gong. Mung wae dicari solusi lainya, dengan pertimbangan sosial dan tidak merugikan yang namanya alam serta manusia itu sendiri bagaimana ccaranya. Ngunu kok repot, kalau cuma pelebaran jalan, itu anak kecil saja juga bisa mengira-ira dan mampu melakukan, nek dilokne dadi cah cilik engko nesu, padahal ya cah cilik temenan."

"Wis Truk, pisan gawe, mumpung kowe eneng Jakarta tulung jelasna yen ana situasi kaya mangkene iki solusine kepriye?" Pinta si Bagong

"Mobilmu iki sing numpaki wong pira? rak mung aku karo kowe. Lha kae mobil sebelah tengenmu sing numpaki malah wong siji. Padahal mobil kuwi kapasitase kudu muat wong pira?"

"Terus? Kuwi kan biasa banget ta Truk, wong nyatane duwe mobil, arep ditumpaki dhewe, arep di dol rak sekarep."

"Nah kuwi nuduhke yenta egois Gong, ora isa ngunhu. Kudu mat sinamadan Gong. Upama sak mobil kuwi difungsikan sesuai kapastasnya, pasti sudah mengurangi jumlah mobil sing keluar. Secara kemanusiaan ya kenek, secara kebersamaan ya kenek, secara asas negara ya kecakup. Paribasan nyewu ngiras ngijing. Iya pora?"

"Maksudmu piye ta Truk, jelasnya detail ta, jangan sepotong-potong." Pinta si Bagong.

"Gini Gong. Mobil siji minimal muat 4 orang. Kalau dipakai berempat kan lebih bagus. Mobile ya maksimal penggunaanya. Itu poin pertama."

"Lha po meh ngajak tanggane, wong nyatane sing mbutuhke ya ming wong siji."

Bersambung, soale wis kedawan, mesakne sing maca.





"

Komentar