Indhi-indhi Limit



Ceritane duniane wayang koclock lagi geger gember ewer-ewer, jarik padha di cincingke kathok podha di ploroti, ceritane padha udur karepe dhewe-dhewe, bahasa ilmiahe elo-elo gue-gue, basa enggrise not your problem, bahasa Arabe lakum dinuku …
"Wah jan Rame wae?" tanya Mas Warok."Ni begini cak, putri desa etan kali, sik jenenge ... jenenge .... emh" Jawab Dul Semprul sambil ingat-ingat nama. "Gerangane, ga apal jeneng, njeplak wae kon." saut Warok so. Kabeh melu alok-alok nduding-nduding si Dul Semprul, Mas Warok terpaksa sengol. Rada mbentak "HEH ... dhapuran ra wujud, malah melu umyek. ENEK APA? ENEK APA?" Ora dha mendha malah saur manuk, umyek dhewe-dhewe kabeh, Mas Warok banjur lunga klepat mangkat nyang etan kali golek kabar.
Eh ternyata, Gadhis Dhesa Kalilepen sik arane Indhi-indhi Limit lagi mengadakan sayembara. Wah jan, lucune, sayembarane "Barang siapa yang bisa menemukan ayamnya yang hilang, dia akan dijadikan suami." Klepat mangkat Mas Warok, ora sranta. Merga nyawang ayune si Indhi, nadyan lemu ginuk-ginuk, wajahe rada menceng, alise kandel, rambute krebo tur arang-arang. JANNNN...primadona tenan nang dunia wayang KOCLOCK
Saben omah diopyak-opyak, yen duwe pitik banjur digawa. Tak ketinggalan kabeh kancane, si Dul Semprul, Komat Kamit, Dudu Sopo, Kebo Langur lan liya-liyane uga berjuang. heheheh perjuangan -45, berjuang mung dhemi wedokan sing membleg-membleg. Ora keri dhalange yo emoh kalah sajake, utheg-utheg golek tatah mbi pandukan njur natah pitik...wkakakakaka...jan ra mbejaji tenan dhalange wayang koclock pancen kuooookkkk tenan.......
Saiki genti nak omahe Indhi, sajake wis klecam-klecem pulatane, ora ngerti sababe, wong ya praupan pancen mengkono. Ning wangune seneng atine, merga pitike wis ketemu. Pitik walik pancen sabane ora adoh, mung nak mburi omah, wong sing nandur yo ibune dhewe, neng eloking lelakon kok isa ilang sedina. Gandheng wedi yen kelangan maneh, pitik mau banjur di beleh, lan ga sandhingan maem mengko bengi. 


              
 
 
wis slamet ndomblong para-para pemburu pitik ompong, kebo belong, kali wokong, bokong nyemok...durung ngerti cethane wis dha mergawe,,,suthik nlesih, wegah ngisas, gemang takon,,,jan wis-wis...
 

Komentar